Jumat, 15 Juli 2011

12.11.1990 Oleh : RB RIyanto Hal : panguasane Gusti, pitutur leluhur, dan ilmu sejati.


 
Aku sing laku mimpin awakmu,
Neng no kabeh menyang Gusti Kang Maha Kuasa, nyuwun pepadang karo Gusti ALLAH. Nyuwunake pepadang nyang atimu dewe-dewe. Yuh mulai.
Latihan ngenengake cipto menyang penguasa Gusti, ora ngeningake cipto menyang penguasane para leluhur.
Ngenengake cipto ora kenobiso keno pengaruh.
Ben poro leluhur jadi saksi menyang kene, ben poro leluhur nyaksiake kabeh latihan menyang kene. Nanging ora keno yen awakmu iki manungso sing jek urip, bisa dialehake kekarepanmu, masrah ake jiwo ragamu menyang panguasane Gusti!
Aku gurumu, Riyanto, ora ngarepake awakmu iki ternawa arus, awakmu kudu bisa ngendaliake.
Iki pituture K. Sunan Kali Jaga sing bener; koe mulai latihan, sopo seng bok tuju, sopo seng bok serahi jiwo ragomu? Gusti Kang Maha Kuasa sing bok  serahi jiwo rogomu.
Ora koyo ngono kui caramu latihan! Ijik gampang dialehake kekarepanmu, kekarepan masrahke jiwo rogomu menyang panguasa Gusti.
Nanging awakmu biso dikendaliake karo kekuatan gaib, kui ora bener.
Koe belajar ngilmu sejati, sejatine manungsa, sing rumangasani yen awakmu ini diciptake dadi manungsa.
Gunake akalmu, pribadimu, iku dikuatake teguh karo kekarepanmu.
Ora kaya mau, pertama masrahake jiwo rogo menyang Gusti Kang Moho Kuasa, nanging opo dadine? Metu sengko cangkemmu dewe ora isoh bok selaki. Siji ngomong Ki Ageng Serang, siji ngomong Sunan Kali Jaga, iki bener opo ora omonganmu, karo kekarepanmu mau? Menyang kene iki omonganmu ora dirungo ake karo awakmu dewe, dirungoake karo kanca-kancamu kabeh.
Awakmu sing wis dianggep mumpuni ilmune, nangeng ora gawe mantepe kanca-kanca malah gawe bingung kanca-kancane kabeh.
Kudu dieleng-eleng, yen niatmu pertama bok tujukake menyang K. Sunan Kalijaga yo kudu siji sing bok panting yoiku K Sunan Kali Jaga mengko K Sunan biso manjing menyang guo garbamu, yen niatmu pertama bok tujukake nyang panguasane Gusti, ora entok kabeh para leluhur manjing ono guo garbamu.
Opo meneh metu menyang cangkemmu kanggo ngeki pitutur menyang kanca-kancamu. Memang iki dino paling apik, ono sing dijenengake wahyu seng arep/bakal biso dadi cekelan uripmu.
Nanging kanggo nampani wahyu kui, awakmu yen luput saka kantrol ora bakal biso. Awakmu ijik biso dikacokake karo pengaruh wahyu kui.
Kabeh sing wis dadi pengalamanmu ojo ngasi keliru meneh.
Awakmu menyang kene iki latihan hanggo nguatke jiwo rogomu. Kanggo nyerahake jiwo rogo menyang panguasa Gusti , ora ngemahake jiwo rogomu. Tak ingetake bab gaib, jagad ikii mongo no 2 isine, bener lan salah, ben awakmu masrahake menyang Pangeran, nanging nyatane awakmu biso diblasokake, dadi artine awakmu mlebu sing ora bener.
Menyang jiwo, menayng awakmu, kui ono kekuatanseng moho dasayt, kui mong biso ditimbulake karo mantenge, kui men dadi pengalamanmu, men dadi bekalmu sok ben ngembal tugas gawe padange jagad.
Tapi tegese pengalamanmu kui kanggo cekelan uripmu.
Saiki wis tak kandani, wisa tak kei ngerti, dadi ojo bok baleni.
Takono opo/yen ono sing durung mudeng/gerti, opo seg tak omongake.
Takon : kulo saget manteng dating engkang Gusti ALLAH ingkang Moho Kuoso. Kandas pundi?


Jawab :
diniati waktu meh latihan. Mbok niati nyang awakmu, bok serahake menyang panguasane Gusti. Ora mbok serahake menyang panguasane para leluhur. Yen ono poro leluhur, ameh mimpin awakmu, ameh ngei pitutur menyang awakmu ojo mbok tampani meneh. Pasrahno terus menyang panguasane Gusti, uripmu bakal tenang/nemoni ketenangan urip.
Ono meneh seng takon?....ora ono.
Sing ono kene dari saksi menyang murid-muridku, aku ing Riyanto, ngandelake kemampuanku, ora rumangasa pinter, terus ora gelem nompo pitutur poro leluhur, dudu maksudku,nangin kabeh kasuyatan. Sing tak ajar ilmu sejati, ilmu satriyo. Ojo mbok gawe bingung kabeh muridku, nyang ajaran-ajaran sing luput soko ngilmu sejati, aku ing Riyanto yo muridmu namun aku duweni panguasa kanggo nentuaku pilihan ngajar murid-muridku, tak suwun sepisanmeneh menyang awakmu, yo guruku, yo poro leluhurku, sesuai ajaranku, ajaran ilmu sejati, ora tak paringaku awakmu nyusup nyang guo garbane muridku. Yen ono pitutur menyang muridku, pitutur menyang awakku, langsungo menyang awkku, aku dewe, sing wis luwih ngerti soko murid-muridku iji kadang-kadang bingung ngrungoake kabeh pituturmu, opo meneh murid-muridku.
Kui panyuwunku, sejatine Riyanto lan sejatine kekuatan seng ono menyang  nggone Riyanto . ALLah Maha Besar..x3.
Sejatine aku ora arep ngalang-ngalangi awakmu terimo langsung pitutr poro leluhur, nanging aku ngweatirake awakmu ora biso nompo bener pitutur para leluhur.
Lagi wae dadi contoh q lan 1 ne ora bener, 1 ne duwe kekarepan liyo 1 ne duwe kekarepan liyo, sampai dadi tumpang tindih.
Sejatine nek awakmu biso nompo dewe/langsung pitutur leluhur, bisa ngentengake awakku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar