Jumat, 15 Juli 2011

...


Yo muridkn ngumpul menyang kene, awakmu kudu ndiweni tekad supoyo awakmu tetep teguh ngadepi cobaan uripmu. Opo meneh sing wis ngamalake ngilmu kanggo neng cekelan uripmu, opo pitutur iki.
Goda oleh teko nanging ora bakal melampoi batas kemampuanmu, kabeh panguasane Gusti nganggep sepele urip, ngenthengake urip. Dadi mbok pangerteni. Enek goda menyang awakmu berarti Gusti ngeling ake awakmu yen awakmu kuwi wis karep luput soko dalan sing bener, yen enek goda kowe malah kudu matur nuwun, Gusti kuwi ijek ngeling ake manyang awakmu.
Mekar Jati kuwi wis entheng gudane, yo mugo-mugo wae Mekar Jati cepet kuat. Kuat ngamalake ngilmu-ngilmu  sejati. Tak ke’i pangerti manyang awakmu kabeh, aku iki gurumu ora bedho karo awakmu ilmu sing tak emben kui wis dadi ngilmu Mekar Jati. Ono salahku yo awakmu sing kudu gede ngapurane. Kosok baline, ono salahmu yo aku gurumu wajib ngeleng ake menyang awakmu. Sepisan meneh awakmu ojo ngasi salah nganggap gurumu kui melebihi kemampuane soko awakmu. Aku iki manungso podho awakmu, aku iki dudu utusan soko Gusti. Tindak-tandukku ora bedho karo awakmu nanging sepisan meneh Mekar Jati sing kuat ngayomi awakku lan awakmu. Mekar Jati wis dudu ngilmuku pribadi. Mekar Jati kanggo ngilmu kabeh sing nyecep ngilmu Mekar Jati. Kui pesenku menyang awakmu.
Yo kabeh sing ono menyang kene mung karono atimu kanggo kesaktiane awak dewe menyang ngedi wae awakmu ngusahakno kanggo keharuman Mekar Jati. Usahakno awakmu ojo gawe cacat Mekar Jati. Dadi kewajibanmu lan kewajibanmu ngamalake ilmu Mekar Jati sak mampune awak dhewe. Nanging perlu mbok ngerteni yen awak dhewe biso amargo jelas tuntutane Mekar Jati sing urip sempurno, sempurno urip kuwi tuntutane Mekar Jati Kanggo awak dewe.
Wis cukup kanggo dino iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar