Jumat, 15 Juli 2011

23.02.1991, sabtu Wejangan oleh RB Riyanto dan K.H.


Yen awak dhewe iki ngumpul bebarengan menyang kene kanggo nuntut ilmu yoiku ilmu sejatine ma=enungso nduweni sifat roso salah, menungso nduweni…. Lali nduweni sifat sing ora becik, aku lan awakmu kabeh mung biso nyenyuwun karo Gusti Kang Moho Kuoso. Eling lan waspado dudu manungso yen ora nduweni sifat luput. Menungso ora biso sempurno. Aku lan awakmu ora bakal biso sempurno. Sempurnoning mengso kuwi yen eling karo Gusti Ingkang Moho Kuoso.
Lepate menungso biso disumunake pangapuro marang Gusti, Gusti Kang Moho Kuoso nduweni sifat welas asih, nduweni sifat sing sempurno……. Karo kawulane. Salahe kawulane Gusti asal kawulane nyadari kesalahane lan gelem nyeyuwunmaring panguasane Gusti. Yo Gusti Pangeran bakal nge’i (maringi) pangapuro, soko awakmusing nyecep ilmu, ilmu sejati. Yo nduweni roso welas , ke’ono pangapuro menungso sing nduweni salah menyang awakmu. Ora pisan-pisan awak dewe iki ngalkok ake kesalahan. Ono salah sing ora disengojo, ono salah sing disengojo. Wis ngerti tumindake sing arep dilako akekuwi salah nanging awak dewe tetep ngalksana ake kuwi sing dijenegake sing disebut dosa. Lan awak dhewe mesati ngujuk nanging yen tumindak salah sing ora disengojo, kuwi Gusti Ingkang Moho Kuoso kuwi maringi sih kawelasan menyang awak dhewe, maringi pangapuro. Dadi ngati-ati menyang awakmu yen wis ngerti tumindakmu kuwi ora bener. Ojo mbok lakok ake mergo kui sing ora biso dike’i pangapuro sengko Gusti. Yo awak dhewe mesti wani nanggung.
Bab awak dhewe sing percoyo maring panguasani Gusti sadar lan ikhlas nyedakake panguasane Gusti menyang awak dhewe supoyo biso panguasa-Ne nguasai jiwo rogo. Awak dhewe perlu dipangerteni ora bisone manungso manunggal karo panguasane Gusti yen manungso kuwi ora eling karo sifat-sifate manungso. Manungso ora bakal sempurno, sempurnoning manungso yen eling karo panguasane gusti yooh.. aku arep ngek’i weruh menyang awakmu meneh kenopo awakmu nyecep ilmu,a amgo awak dhewe ora dikek’i kekuatan kesunyatan iki tandane ektine dewe maring panguasane Gusti. Aku lan awakmu ora merlukake kekuatan-kekuatan kesunyatan sing biso diandelke amergo kekuatane awak dewe. Awak dhewe nyadari yen awak dhewe ora luput saka kesalahan, ora luput soko sifat-sifatre sejatine menungso.
Awak dhewe ikhlas sake pangusasane Gusti sing biso dadi kasunyatan dudu panguasane menungso, menungso sing ora luput soko salah. Gusti Ingkang Moho Kuoso ngarepkae aku lan awakmu dadi terange jagad. Mugo-mugo Gusti Ingkang Moho Kuoso nurunake panguasane marang aku, kanggo nimbulake kemampuan sejati menyang awakmu, lan awakmu bakal dibimbing terus sampai biso nimbulake kekuatan sejati menyang wong liyo. Nanging perlu mbok ngerteni sejatine sing dikarepake ora kudu menungso biso nyecep ilmu sing mbok cecep, nanging keyakinanmu, tindak-tandukmu kuwi sing dikarepake dadi contohne manungso lio.
Bab leluhur, poro leluhur ijek biso kontak karo awak dhewe, mbesok sing wis dipundut karo Gusti. Awak dhewe kuwi ijik ono kelanjutane urip. Bab kelanjutane urip menyang alam kealnggengan kuwi dudu kewajibane awak dhewe kanggo ngerteni. Kewajibane awak dhewe cukup ngertini yen poro leluhur kuwi yo eneng. Dadi awak dhewe bakal nerusake menyang alam kelanggengan. Panguasane Gusti ora biso diukur. Kadang kolo ono salah sijineng menungso sing sanggup nyeritakake baba lam kelanggengan kuwi amergo panguasane Gusti aknggo nyadarake manungso supoyo eling karo panguasane Gusti. Nanging awak dhewe kuwi ora diperluake nuntun ngilmu biso ngerteni alam kelanggengan. Kajobo Gusti Ingkang Moho Kuoso ngarep ake salah sijine manungso kanggo nunjukake panguasane Gusti.
Tugas lan kewajibane awak dhewe yoiku tindak-tanduk awak dhewe disesuaiake men dianut karo konco-koncone. Kemampuan gaib sing awak dhewe nduweni kuwi biso digunaake kanggo ngatasi masalah panguripan. Nanging sejatine kuwi mung digunakake kanggo menungso sing lali karo panguasane Gusti. Ora kekuatan gaib sing ono awak dhewe umbar terus kanggo menungso kuwi kuwi-kuwi wae. Awak dhewe kuwi nduweni kuekuatan gaib kuwi mung kanggo nyadarake, ora luwih sengko kuwi
Aku ameh ngajar menyang awakmu saiki rungokno dhisik pas awakmu nengkene, opo nek pas ono latihan sing nahan napas, kebatinan Gusti Ingkang Moho Kuoso, Gusti Ingkang Moho Kuoso, Gusti Ingkang Moho Kuoso panguasane Gusti ingkang kawulo. Suwun kuwi diulang-ulang terus pendaj pas enek latiahan sing nahan napas tompo gerak-gerak mandek napas mandek dibatin “ Gusti Ingkang MOho Kuoso panguasane Gusti ingkang Kawulo suwun.”
Aku nerangake bab pribadinemu, bab kumpulanmu menyang kene iki, aku rumongso seneng onone tekate kowe kabeh kanggo bersatu nglaksana ake opo sing dadi tujuane perguruan kuwi becik nanging, perlu mbok ngerteni kanggo tujuan kuwi memang diutamakke nanging keatuan menayng kanca-kancamu kuwi yo dadi panutane manungso lio. Perjuanganmu bakal sio-sio, yen menyang wadahe dewe ijek eker-eker an. ono kedaden mesti ono sebabe kenopo enek kedaden iki coba dogolek’i sebabpe. Ketemune ora bakal luput soko kesalahanmudhewe. Konco memang diperlu ake nanging luwih diperlu ake mengenai ketentreman jiwo lan ragamu. Sigih bondho nanging kurang iman bakal nyelakake awakmu. Ora bedo nduwe ilmu, manteb ilmumu kurang imanmu bakal dadi sengsara awakmu lan lingkunganmu. Diselaraske uripmu. Ngilmu iku diperlukake, iman iku diperlukake lan amal kuwi kewajiban. Titiwancine pendak ono kesempatan bakal tak ajarake kemampuan-kemampuang gaib sing timbulake iman lan ilmu sing perlu kanggo awakmu kabeh.
Wejangan sepisan sepindo mungkin durung dadi akar menyang nggone sanubarimu. Mulo ojo bosen-bosen yen pas aku mejang menyang awakmu. Rungokno ben wejangan kuwi wis pernah mbok rungokno. Opo meneh awakmu wis gedhe, tuwo pengalaman uripmu ngakar menyang nggonane tindakaknmu aknggo ngubah, kanggo ngrisik’i ora gampang, ora diwejangi sepisan-sepisan wis biso nglaksana ake wejangan kuwi. Mengko awak dhewe ngerteni wis ora perlu aku ngrungok ake, ora perlu aku nggatekake meneh kuwi salah.
Aku rumongso seneng karo awakmu kabeh, seneng karo tekadmu, tekadmu nyecep ngilmunanging imanmu kuwi diutamake lan diselaraske tindak-tandukmu karo kepribadiane. Ngilmu sejati menyang kono kuwi. Mengko awakmu bakal nemoni katentreman urip. Mungsuh bakal semingkir soko awakmu yen awakmu wis  biso ngelaksana ake kuwi mau. Sifat pengen menang, pengen unggul soko konco kuwi apik nanging ditunjuke menyang awakmu dhewe  supoyo nimbulake semnagatmu kanggo nyecep ngilmu, nagging ora bener yen kuwi mbok tujukake. Jenenge wae ngilmu kebatinan, ngilmu tenggang roso. Ora gawe susahe menugnso liyo. Dadi ora bener yen awakmu kuwi sifat pengen menang kuwi mbok tujukake menayng koncomu, kuwi tujuake menyang  konconmu, kuwi tujuake menyang awakmu dhewe kanggo nyecep ngilmu, saiki aku wis ora merlukake dino sing khusuk kanggo nimbulake ngilmu sejati, dino kabeh kuwi becik.
Tak kiro cukup semene.
ALLAH Maha Besar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar